Lazada Indonesia

Reward soko Mcent saiki sudo dadi separo



Wah ora keroso sasi poso wis tekan dino ping sepuluh. Senajan abote koyo ngopo, jenenge wae ibadah yo kudu dileksanakake. Mergo opo to konco kabeh, dino dino wiwitan poso iki dino adaptasi kanggone awak utamane tumrap saluran pencernaan. Mugo mugo wae posone biso tutog kabeh tekan lebaran utowo dino bakdo mengko, Ammíen !! Nanging saiki aku ora bakal ngrembug bab kuwi, ono postingan iki arep tak rembug bab survey online.



Koyo judul postingan utowo tetenger ono dhuwur, Reward soko Mcent saiki sudo dadi separo. Pingin tak jlentrehake marang konco kabeh ngenani opo to Mcent ? Yokuwi salah sawijining survey online ing antarane atusan situs survey neng internet. Mcent ngadakake survey marang konsumen ono ing 100 negoro, ugo ing Indonesia. Survey mau dileksanakne liwat internet yokuwi soko email lan ugo liwat telepun, yokuwi SMS. Saben ngrampungne survey, konsumen oleh reward sing diwujutne pulsa. Akeh lan orane reward wujud pulsa mau yo relatif, kiro-kiro yen di dadekne rupiyah amung 4.500 an.


Survey sing bakal di kirimne marang konsumen kuwi ngenani macem-macem bab, soko urusan produk uborampe rumah tangga, nganti tekan produk omben kemasan merek Cocacola, lsp. Carane njawab survey Mcent yo mung gampang tur kepenak. Sepisan yen liwat email, cukup mbukak kotak masuk. Yen wis dadi member lan ndaftare mbiyen nganggo alamat email, mesthi bakalan oleh email soko www.txteagle.com, terus diklik wae lan dijawab kabeh pitakonane ono kono. Kaping pindho menowo mbiyen ndaftare akun member liwat SMS, member oleh SMS sing isine undangan kanggo melu survey. Ono njero SMS mau member dikongkon nge-klik alamat situs www.txteagle.com. Dadi yo tetep liwat internet, jenenge wae survey online.



Dene yen kepingin ndaftar gawe akun member Mcent gampang banget, cukup mlebu liwat alamat situs www.txteagle.com. Koyo biasane klik formulir "sign up", terus diisi kotak-kotak textarea ne, jeneng, nomer telepun, alamat email, lsp, rampung kabeh banjur klik sign up. Wis dadi member lan duweni akun Mcent, gari ngenteni yen sewayah-wayah oleh undangan survey liwat email utowo SMS, kadang seminggu ping pindho kadang mung pisan.


Akunku ono Mcent statuse wis lumayan, durung pingin tak dadekne pulsa (mergo ramudheng carane, wkwkwk !). Nanging ono sing marai rodho gelo jalaran wingi pas mbukak email, terus melu ngisi survey ne la kok bareng rampungan reward nominale dadi sudo gari separone. Sing maune 4.500 dadi 2.500, waduuh ! Aku yo rapatiyo mudheng sebabe, mungkin yowis kebijakane Mcent mangkono arep kepiye maneh. Senadyan wong siji biso nduweni pirang-pirang akun, yo mesthi kudu duwe sim-card sing akeh.


Penutuping atur, menowo konco kabeh kepingin oleh pulsa soko Mcent, kanthi gampang yo enggal wae ndaftar. Gawe akun member koyo sing tak tulis neng dhuwur. Cukup nge-klik www.txteagle.com, di jamin dadi seneng lan tambah semangat anggone online.. Online !
Pareng
Reward soko Mcent saiki sudo dadi separo Reward soko Mcent saiki sudo dadi separo Reviewed by seno on 02:29 Rating: 5

10 comments:

  1. silahturahmi ingkang kaping setunggal

    ReplyDelete
  2. @Candra=> matur nuwun, sumonggo
    @Cerita Tugu=> Nggih sami sami mas

    ReplyDelete
  3. Hahaha, Bahasanipun pancen kudu penghayatan dhuwur. Walau q ki yo wong jowo tapi nak bahasa ngene yo rodo bingung sithik

    ReplyDelete
  4. @Rochmad Nur Hidayat=> podho mas, iku keno diarani kendala bahasa

    ReplyDelete
  5. manteb tenan. Ngeblog sinambi nguri-uri basa Jawa ...
    Salam

    ReplyDelete
  6. @Wong cilik=> amung nuliske ide nganggo basa jawa wae ki, mas

    ReplyDelete
  7. wah postinganne apik tenan iki sob..
    seneng rasane dolanan neng kene okeh ilmune....
    Matur nuwun...

    ReplyDelete
  8. weleh manteb pak de, sugeng siang lan sugeng lampaken puoso ngeh..

    ReplyDelete
  9. @penyuluh perikanan=> wah jenenge internet mas, kebak ilmu!
    @budi prasetyo=> sumonggo mas matur suwun

    ReplyDelete