Lazada Indonesia

Sasi Ruwah wis neng ngarep mata

Wah arep ngisi postingan rasane ngaleg-aleg, kadohan amerga kaya wis kentekan ide lan pengangen-angen. Nanging sak jane mono yo pancen agi males tenan, wektune wis entek dindum kana kene. Yen wayah awan ana wektu senggang aku ora lali mesthi "o n l i n e". Ora ketang mung mbukak-bukak cendelane mbah Google ( aku njur kelingan ana pasinaon biyen, anak kebo arane apa ? kabeh murid bareng-bareng njawab gudeeell. . .).
Kadang menehi komentar kadang ya mung maca wae, pingin nulis jane tapi ora mantep rasane wektu kuwi.
Http://mulyaputriherlina27.blogspot.com

Pirang dina ya emmh.. 2 iya wis rong minggu kepungkur pas entek-entekane sasi Rejeb. Sajroning sasi kuwi ana petang panggonan hajatan neng kampung. Biyasane miturut budayane wong Jawa sasi Rejeb apik perbawane utawa duwe pengaruh kang becik tumrape wong sing duwe hajatan. Mangkane wong duwe gawe/ duwe hajatan pada milih sasi kuwi.

Lha ing wektu sesasi wong sak kampungku padha guyub rukun, gotong royong ngrewangi panggonane hajatan. Wis dadi budaya sing turun tumurun ana ing kampung, kaya wis ora isa diilangi. Sakben kampung ngendi wae ing tlatah tanah jawa tak kira padha wae. Ana patang kulawarga duwe pamrih mantu ing sasi wingi.

Wis kaya dadi kuwajiban kabeh enom, tuwa utawa lanang, wadon, padha nyengkuyung anane pawiwahan pahargyan mau. Ora keri aku yo melu, sanajan ora kadapuk dadi panitiya nanging tetep ngetok. Pikirku ora ketang klungsu aku yo melu udhu, dadi ya mesthi korban wektu lan tenaga. Mbesuk yen panggonanku duwe keperluan genti, muga-muga di enthengi pagaweyane..
Kahanan kebak dening ribet mau wis bisa kelakon kanthi lancar, titis lan ringkes kabeh. Syukur dumateng Gusti ingkang maha kuwasa. Wiwit saka pangrakitane panitiya kecil nganti tibaning wektu resepsi, kabeh mau uwis rampung.

Saiki gari mikir tujuwane dhewe, karo ngenteni pegel-pegel iki ilang.
Sasi Ruwah wis neng ngarep mata Sasi Ruwah wis neng ngarep mata Reviewed by seno on 20:06 Rating: 5

20 comments:

  1. pegelle saiki wis ilang to Le?

    ReplyDelete
  2. Iyo mas kerja bakti terus pokoke..Suwon yo mas wis gelem dolan mrene.

    ReplyDelete
  3. postingane apik tenan kang, cuman aku moco tulisane abang kabeh, mataku koyo piye ngono loh kang...hehe..matur nuwun nggih kang.onggo mampir jalan jalan ditunggu yoh...

    ReplyDelete
  4. Suwon balik, Walah mase ki ngeleme kedhuwuren, biasa wae kok. Aku jane yo ra pati sreg karo template iki, suk wae lah di update maneh.

    ReplyDelete
    Replies
    1. saiki wis uena' tenan kang dadi aku wis iso moco... ora koyo sing wingi.... mataku dadi abuh kabeh..hehehe.....
      maturnuwun kang, ditunggu postingane sing anyar kang....
      terima kasih......

      Delete
  5. Nderek silaturrahmi ugi salam dhumateng sedaya. Nunut nglesot nggih kangmas. :)

    ReplyDelete
  6. o mas Lonk, sumonggo... amrih sekechanipun wonten pundi, lha unjukane menapa ? (malah kaya wedhangan) tursuwon nggih mas..,sampun kersa nglinthong2 dhateng mriki.

    ReplyDelete
  7. Berarti masih sama seperti dikampungku, jika ada acara hajatan , gotong royong masih tampak. Apa lagi jika hajatan pernikahan pemudanya sangat antusias sekali karena nantinya akan pakai seragam yang sama untuk hari H nya.

    ReplyDelete
  8. Yo kuwi wujude kegiatane karang taruna, para mudha mudhi padha ngagungke kegiatan sosial. Sugeng mas Djangkaru Bumi, suwon

    ReplyDelete
    Replies
    1. Biasanya yang muda makannya bisa nambah karena terlalu capek jadi among tamu dan pengantar makanan :))

      Delete
    2. Wah bener mas, jatahe dobel rong piring dadekne siji. Hahaahaa

      Delete
  9. Rewang nganti 4-patang panggonan??
    Kajaba pegel, boyok-e sedut senyut, kanthong-e rada mewek nggo sumbangane...
    Penak-e ya ndang diundangne tukang pijet remet wae ben ndang pulih.... hhe

    ReplyDelete
  10. @ Harun Ar : : Yo penting bisa ngatur wektu, ra perlu tukang pijet ahh.

    ReplyDelete
  11. Ikut nyimak di komen aja aku gan

    ReplyDelete
  12. Assalamu'alaikum.
    aku asli njowo, tapi jebul moco postingan karo bahasa jowo rodo kangelan yo, ra koyo nek ngomong utowo ngrungokne. Tapi salut, Kang. Pertahankan blog berbahasa jawa ini ( sepurane nek bahasane belang blentong ).
    Salam kenal.

    ReplyDelete
  13. Yo siplah Abi Sabila, neng kene gak ana aturan basa kudu mlipit. Sing penting njogo kesopanan, bebas wae nyante. Matursuwon dulur Abi Sabila.

    ReplyDelete
  14. aku yo wong jowo mas, tapi nek kon gawe postingan nganggo boso jowo aku ora iso.....hehe....

    sukses terus yo mas....

    ReplyDelete
  15. @ Mami Zidane => suwon nggih mbak, panjenengan taksih tiyang jawi ta. Nggih saking pundi kemawon mboten menapa, ingkang baku taksih nguri-uri budayanipun piyambak. Mekaten mbak sukses ugi kangge mbak Mami Zidane sakeluarga.

    ReplyDelete
  16. wah wis arep nyadran ki...gek nyekar

    ReplyDelete
  17. @ Mbak Iis => niku leres mbak, mengke sing padha wonten perantauan rak sami wangsul mudik lajeng nyekar dateng leluhuripun. Nggih suwon.

    ReplyDelete