Lazada Indonesia

Panase mongso ketigo

Mongso ketigo jan pancen garing tenan, luwih-luwih sasine september. Jare miturut poro ahli yen sasi september ngene iki pas ngenthang-ngenthang panase. Sumur padha asat, tetanduran katon alum. Ana seperangan panggonan malah wis wiwit kurang banyu. Panggonanku wae sing biasane kebak banyu saiki yen nyawang dhasar sumur katon lemahe. Keno kanggo titenan menowo kudu ngirit nganggo banyu. Godhong garing podho gogrog saka uwit, kebur angin tekan ngendi-endi njalari gawe panggonan katon reged. Aku raisoh mbayangake kepiye rasane urip ana papan panggonan kang kurang banyu. Kaya urip ing tlatah dhuwur gunung, yen kahanan ketigo ngene mesthi lak ora tau adus. Lha yo jelas to, yen ana banyu sakember misale, lak yo mendhing di enggo masak utawa digawe wedang ketimbang dinggo adus.
Panase mongso ketigo Panase mongso ketigo Reviewed by seno on 23:36 Rating: 5

No comments: