Lazada Indonesia

Tata cara sungkem lebaran


Lebaran utowo Bakdo (ba'da, basa Arab) dadi penutupe sasi poso, yokuwi dino kang suci marang pawongan sing nindakne poso romadhon sesasi wutuh. Terkadang ono sing 30 dino ugo ono sing nglakoni 29 dino, manut marang "golongane dhewe" utowo pamarentah. Nanging saiki ora ngrembug babagan mau, sing pingin tak rembug yokuwi perayaane wae dadi wektune kapan ora dadi masalah.

Bakdo kuwi dino kang gedhe tumrap wong Indonesia, mligine wong jowo. Mulane angger arep nyedhaki bakdo kabeh podho sumadyo kanggo mudhik. Budoyo mudhik, mulih menyang tanah leluhur, ketemu sanak kadang lan uwong tuwane. Budoyo kang wis turun tumurun kanggo wong jowo. Nganti saiki. Ono dino bakdo mau pas wektune kabeh podho bali dadi suci. Banjur dinggo njaluk pangapuro ing antarane sedulur, konco, tonggo kiwo tengen, lsp.

Wektu kanggo sungkeman utowo ujung (njaluk pangapuro) biyasane bubar shalat id'. Ono tlatah tertamtu bubar shalat ono sing kondangan utowo kenduren dhisik, kanggo mengeti dino bakdo/ariaya. Nah bubar kondangan lekas acara ujung, dilekasi soko omahe dhewe, keluarga dhisik.

Menowo durung mangerteni Tata cara sungkem, neng ngisor iki sing keno dienggo panutan, yokuwi :
    >> Anak mbarep dhisik sungkem bapa terus lagi ibune. Menowo wis kromo yo sing kakung dhisik banjur genti sungkem bapa, rampung sungkem bapa genti sungkem ibu
    >> Sauwise kuwi banjur sungkem utowo ujung menyang poro tonggo kiwo tengen, biyasane keluargo sing luwih enom sing nyambangi. Tata cara sungkeme ora bedo yen sungkem karo uwong tuwone dhewe.. Yen teko keri yo antri sing sabar.
    >> Bubar sungkeman soko tonggo teparo, ditutugne sungkem menyang sedulur adoh, simbah, pakdhe, paklik (om), lsp.
Ono kalane dino bakdo, lebaran, ora mung sedino. Kabeh mau pancen wis kapercayane dhewe dhewe, ora biso diowahi ngono wae. Dadi yo cukup manut wae tetep ngurmati.
Tata cara sungkem lebaran Tata cara sungkem lebaran Reviewed by seno on 16:15 Rating: 5

2 comments:

  1. lagi jaman cilik sungkeman iki dadi wektu sing paling ditunggu. lha entuk sangu, hehe

    ReplyDelete
  2. iya bener mas, fitrahe sing marahi atine bocah dadi seneng.

    waduh judule ora katut ke publish, hhh

    ReplyDelete