Lazada Indonesia

Djangkrik genggong

gambar fiki88

Jangkrik Genggong

Ciptaan : Anjarany
Vokal : Waljinah
Produksi : Pusaka Records


Kendal kaline wungu
Ajar kenal karo aku
Lelene mati digepuk
Gepuk nganggo walesane

Suwe ora petuk
ati sido remuk
Kepetuk mung suwarane

E..ya..e..ya..e..
E..ya..e..yae yae yae

Jangkrik genggong
Jangkrik genggong
Luwih becik omomg kosong

Semarang kaline banjir
Jo semelang rak dipikir
Jangkrik upo sobo ning tonggo
Melumpat ning tengah jogan

Wis watake prio
Jare ngaku setyo
Tekan ndalan selewengan

E..ya..e..ya..e..
E..ya..e..yae yae yae

Jangkrik genggong
Jangkrik genggong
Wani nglirik sepi uwong

reff :

Yen ngetan bali ngulon
Tiwas edan ora kelakon
Yen ngrujak rujako nanas
Ojo ditambahi kweni

Kene tiwas nggagas
Awak adem panas
Jebul ono sing nduweni

E..ya..e..ya..e..
E..ya..e..yae yae yae

Jangkrik genggong
Jangkrik genggong
Sampun cekap mongso borong

sumber video : http://www.youtube.com/watch?
v=q94BIrHc3ZM



Keprungu swarane kancaku sing jenenge Wawan, nembangake tembang keroncong jangkrik genggong banjur kelingan karo Albert tanggaku sak kampung mbiyen. Saiki Albert manggon ono kutha Semarang, lan kuliyah neng kono ugo. Senajan adoh soko Solo Albert ajeg dolan bali neng Solo. Ora ketang sesasi pisan dheweke mesthi bali, ngumpul karo kanca sak geng. Aku pernah arep nakokake marang Albert opo neng Semarang ora duweni kanca..nanging Wawan menggak omonganku .. mak klakep cangkemku rasido takon.

Pancen yen biyasane awor lan ngumpul karo kanca,banjur pisah dhewe-dhewe ki rasane dadi kepiye ngono. Mulane Albert ki yo kerep banget dolan. Amargo yen mung jarak antarane Solo - Semarang ora pati adoh, paling suwe telung jam numpak pit motor wis tekan. Bedo karo Agus, anggota gengku sing lungane neng Jakarta lan Widhi sing kuliyah neng Bandung. Cah kloron mau jarang mulih, ketemu paling pas dina bakdo utawa pas prei dawa wae. Yen telpun utawa garap-garapan lewat sms ..ijih mlaku terus.

Lan malem minggu wingi acara ngumpul karo kanca sak geng mung gari cah telu. Nanging yen masalah gayeng ora usah dicritakake wis pokoke seneng thok anane. Nongkrong cah telu ono ing alun-alun cedhak karo kantor pamarentah. Ono warung lesehan timlo lan sisih kidule ono warung hik, sing jelas ono jaringan wifi saka gedung pamarentahan mau. Lungguhan karo pesen wedang ora lali laptop di -on- ke.
Ono ing alun-alun mubeng kebak wong dodol jajanan, sing nongkrong yo rame angger bengi. Sakjeroning jagongan lan guyonan dumadhakan aku kaget ... mergo nyawang ono panggon parkiran, aku setengahe ora percoyo. Wawan tak jawil banjur tak wenehi weruh menawa ono pawongan sing persis karo bu dosenku, bu Ngatini ?? Wawan ugo ora percoyo senajan bedo jurusan nanging sabendino aku karo Wawan ketemu terus. Dadi yo mudheng sopo dosenku kabeh. Nah wektu pawongan persis bu dosen mau midhun saka mobile, banjur saka lawang sijine ugo metu wong lanang. Wong lanang mau ijih katon enom.... wah ojo-ojo anu yo .... Pikiranku dadi ora nggenah, semono ugo Wawan, dheweke malah wis yakin yen kae mau bener dosenku. Aku karo Wawan malah dadi eyel-eyelan dhewe, sawetara kuwi Albert ijih asyik dolanan laptop.
Tak kandhanono yo paling raweruh, aah wis ben tokne wae Albert, kareben dolanan facebookan. Aku karo Wawan mbacutake ngawasi 'dosenku', sing wis lingguh ono lesehan ayam panggang. Wawan mlaku ono sisih dalan margo rapati cetho anggone nyawang wong loro mau. Nanging lungguhe kok katone ora cedhak ..piye kuwi??? pitakonku marang atiku dhewe. Bareng suwening suwe bakule ayam panggang karo rewange metu nyangking tas plastik kabeh banjur diwenehake karo bu Ngatini. Aku dadi mikir oalah berarti bener kae mau dosenku lagi njipul pesenan ayam panggang....hhhmm.. bareng bakule nompo dhuwit, bu Ngatini karo kancane mau banjur bali nyangking tas-tas plastik mau.. ooooallah jebulane...Tak sawang Wawan iyo mung mrenges wae ..aseemik
crita iki amung direka-reka. menowo ono jeneng lan kedadeyan kang podho karo crita iki, mung mbeneri wae. matur suwun
Djangkrik genggong Djangkrik genggong Reviewed by seno on 21:05 Rating: 5

5 comments:

  1. nek ngrungokke lagu iki, kelingan jaman cilik. lagi durung duwe dosa, hehe

    ReplyDelete
  2. Hahaa bener mas dek jaman semono durung usum sabun, pabrike rung dibangun... Suwun mas kersa mampir

    ReplyDelete
  3. wah .. syair lagune ditulis biru, dadi blereng mripatku

    tak kiro cerito tenanan
    aku yo kerep nulis nganggo boso Jowo nanging durung iso nulis dowu koyo tulisan iki

    salut!

    ReplyDelete
  4. wah mbak Ely, suwun nggih.
    mbak Ely pidalem wonten Eropah nggih ??

    ReplyDelete
  5. iki pasange lagu jaman mbien banget ya ... :D

    ReplyDelete