Lazada Indonesia

Basa jawa ngoko alus, saka kulit tekan lombok

"kaya godhong pating blentong"



Para sedherek sedaya ingkang nembe maos artikel punika, ampun kaget menawi waosanipun angangge basa jawa ngoko alus. Amargi sampun panjenengan pirsani postingan ingkang rumiyin basa jawanipun taksih basa jawa ngoko. Kula namung badhe nglatih utawi ngulinakaken ngangge basa jawa ingkang alus kemawon, nggih sakmenika kemawon ( ??). Nyuwon pangapunten menawi kathah lepatipun, niki sa'estu.


Lajeng menapa ingkang badhe kula ungkep, punapa nggih ? Wah radi susah tembungipun, punika lho dipun rembag. Nah sa'menika kula ngrembag babagan kesarasan utawi kesehatan, utaminipun kesehatan kulit. Lha kulit ingkang sisih pundi ? Inggih punika kulit ingkang wonten praupan kita. Panci leres ingkang kula kajengaken punika kulit pipi. Luwih-luwih kangge sedherek wanita, praupan punika dados peranganipun badan ingkang dipun utamekaken.


Nha punika ingkang umum kemawon, mboten perkawis awrat menawi praupan panjenengan ala utawi sae, bagus punapa ayu. Praupan ingkang ketingal resik, alus mboten perduli putih menapa ireng. Angger piyambakipun satiti ngerawat kulit pipi, praupan utawi wajah, mustinipun ngetingalaken wibawa tumrap kita. Tiyang sanes menawi ningali kita temtunipun dados remen, punapa malih ditambahi eseman, wah saget kephincut !!


Pakulitan manungsa punika sejatinipun kadadosan saking saperangan lapisan. Ingkang anggadahi pigunan piyambak-piyambak, inggih punika lapisan endermis, epidermis kaliyan lapisan kulit mati kawastani lapisan tanduk (sanes sungu kados sungu kebo utawi sapi lhe).
Wonten lapisan kulit epidermis kulit kita kathah pembuluh darah kapiler, menawi ketaton lajeng medal geteh. Wonten ugi pori-pori ingkang fungsinipun kangge njagi suhu badan. Medaling banyu kringet menawi suhu (hawa) panas, ugi kangge medaling minyak "pelumas".


Gegandengan kaliyan punika hawa badan ingkang nglangkungi 38 derajat, ndadosaken syaraf-syaraf wonten kulit maringi sinyal utawi pratandha dumateng otak, lajeng otak badhe mrentahaken jaringan geteh supados ngedalaken toya kringet kajengipun badan dados asrep.
Lha kahanan kados punika anggampilaken lebu-lebu kaliyan reregetan sanesipun saget nempel wonten kulit. Saget kemawon lajeng mbunteti pori-pori saengga dumadosaken kukul. Saget malih kulit ingkang lembab anjalari tukuling jamur utawi kapang.



Sa' menika kula badhe taken, pitados mboten panjenengan menawi lombok saget nyebabaken kukul ? Inggih lombok ingkang kangge bumbon wonten gandhok sebendinanipun kita uleg-uleg, saget dipun damel sambel. Lha kok saget ?
Mekaten kula jlentrehaken, nanging menawi mboten cetha panjenengan ampun nesu rumiyin. Lombok ingkang kita teda sampun awujud sambel utawi dipun campur kaliyan bumbu sanes dados janganan, kangge lawuh. Menika ngandut zat ingkang diwastani asam salisylat dene efek ipun kangge syaraf kados kenging geni, kados keslomot nggih saget. Raos panas kalawau menawi wonten lambung anjalari panas lebet, wonten ing tutok, ilat kaliyan sa'lebetipun cangkem kados kobong (kados ngemut mowo). Sa'lajengipun praupan rai dados ngedalaken kringet, menawi kita mboten enggal-enggal ngresiki praupan rai. Saget-saget dados kukul, sampun kula jlentrehaken wonten paragrap inggil. Sampun dhong sa'menika, pitados mboten ? Menawi lombok saget nyebabaken kukul.
gambar saking google



kesimpulanipun menawi panjenengan gadhah kepinginan supados kalis saking kukul (bebas jerawat),
    * setunggal asringa ngresiki praupan rai ngagem tissu, kacu punapa raup ngangge toya anget.
    * kaping kalih menawi saget nyuda lombok (kula wastani "diet lombok")

Lha punika wau sekedhik wawasan kangge sedherek sedaya, mugi wonten manfaatipun. Nyuwon pangapunten sadherengipun kepareng.
Basa jawa ngoko alus, saka kulit tekan lombok Basa jawa ngoko alus, saka kulit tekan lombok Reviewed by seno on 05:43 Rating: 5

11 comments:

  1. kawula pitados sakmenika, awit wonten paragraf pungkasan panjenengan menika, sampun clear sedaya, hehe

    ReplyDelete
  2. Nggih matur suwon mas Zachlaf

    ReplyDelete
  3. salam kenal nggih..
    niki blog sek bedo kalian blog liyanepun..ono nilai tambahe, mugo lancar nggih kang..amin

    ReplyDelete
  4. @ mas Poerwanto Sigit suwon sanget nggih, dawah sami-sami.

    ReplyDelete
  5. Wedyaaan angele mocone...
    Btw emang dhong itu basa alus ya? Hihihi

    ReplyDelete
  6. Pancene angel mbak, tapi yen ngomongan mesthi gampang nyaute. Suwon ya mbak

    ReplyDelete
  7. opo ono, ono opo, opo ono opo opo,, ono ora ora ono, ono ono ae,, enggeeh matur sembah suwun,,
    thanks sobat, bingung ane bacanya, pusing nich,, tp keren bgt dah,,,

    ReplyDelete
  8. @ muarra => alaaa..Biasa wae to, ora susah bingung. Sing baku mudheng karepe ...Matur suwon sanget nggih.

    ReplyDelete
  9. aku ono sing ora mudeng bahasane, hehe

    ReplyDelete
  10. Sing pundi mas ? Mengke kula sanjang kaliyan pak lurah. Wkwek

    ReplyDelete
  11. Kagem para sederek engkang remen lombok lan sambel kedah siap-cawis handuk nggih mas...??
    Matur suwun sanget sedaya wejanganipun kangmas...

    ReplyDelete