Lazada Indonesia

Kerun utawa gapuran

Nyedhaki dino idul adha iki utawa bubar idul qurban wektu kang pas kanggo mahargyo kanggone wong duwe gawe. Duwe gawe mujudake hajatan mantenan, ngundhuh mantu, sing biyasane mung kondangan ngundang tonggo teparo. Saiki gandeng wektune dibarengake karo dino idul adha banjur diramekake, undangane wae nganti atusan. Aku ora pati mudheng bab petungane wong tuwo yen arep duwe gawe, kaya tonggoku sing wis mulei pasang kerun.

Sakbubare idul qurban mengko wis irit-iritan wong duwe hajat mantenan. Kawiwitan pasang kerun ana gapuran pomahan. Kerun kang sipate perlambang mligine wong jowo, kerun utawa gapuran merlambangake sing duwe hajat/tuan rumah wis bener-bener siap lan sumadyo nampa tamu lan mantu. Bisa uga mawa werdi ngilangake? Nulak bala marang sapa wae kang bakal ngganggu gawe. Kerun mau biyasane amung digawe saka kayu pring, ana pucuke digawe lincip. Cagake digawe meh kaya andha kiwa lan tengen. Yen miturut wong kang luwih kuno meneh malahan panggon dhuwur kerun diolesake werna ireng karo putih. Werna putih gamping lan sisihe ireng saka areng. Nanging jaman saiki wis arang digunakake.

Kerun digawe sesasi sakdurunge tekan gawe, para tonggo kiwa tengen gotong royong nyengkuyung gawe kerun mau. Kurang luwih seminggu kerun mengko bakal diwenehi hiasan kang wujut godhong janur lan godhong liyane ing antarane godhong ringin. Janur dipasang mlengkung kiwa tengen, jitinge uga wis dibuwang. Dadi lan penine kerun mau, katon semlawir werno kuning endah disawang. Muga kanthi endahing kerun utawa gapuran mau nambahi samsaya regenging pahargyan mantenan. Tambahan maneh, biyasane kerun digawe ana pihak keluargo manten putri.
Kerun utawa gapuran Kerun utawa gapuran Reviewed by seno on 19:15 Rating: 5

7 comments:

  1. artikel yg bagus
    menambah pengetahuan saya
    terima kasih sobat

    ReplyDelete
  2. hadir lagi di sini sobat
    selamat siang

    ReplyDelete
  3. wah mantap sekali rek bahasa jawa ugal222 an sekali

    ReplyDelete
  4. Adat Jawi punika teksih wonten ngantos sakniki ing dusun kawula. Mugi kita sedaya saget mendhet 'piwulang' ingkang dipun sanepakaken wonten ing mriku. Mugi sami rahayu wilujeng nir ing sambekala, amin.

    ReplyDelete