Lazada Indonesia

Asem kecut gulo legi, prawan ngentut joko wedi

woh asem akeh pigunane

     Aha ..kelingan jaman cilik mbiyen, saben ketemu karo konco-konco mulih sekolah trus mblayang tekan ngendi-endi. Angger liwat wit asem gedhe banjur mandheg ngilingi uwis awoh opo durung aseme. Yen pas lagi ungsum awohe nganti pating grandul, wis ketok mateng banjur dibandemi kareben awohe jiblok. Ana maneh disenggek nganggo genter, dilumpokake banjur dipangan bebarengan rasane yen pas mangan uwoh asem kecute marai kiyer-kiyer. Lha wektu kuwi ana unen-unen sing kondang yokuwi : asem kecut gulo legi, prawan ngentut joko wedi. Prasasat angger ana pawongan sing kulino srawung mesthi bakal mudheng unen-unen mau. Sopo wae sing ngucapake mesthi marai mesem. Asem kecut gulo legi duwe karep menawa asem kuwi pancen rasane kecut tenan, lan gulo iyo legi rasane. Dene tembung prawan ngentut joko wedi, werdine ora wangun utawa ora pantes menawa ana prawan lagi jagongan trus ngetokne entut, ora sopan.

     Embuh wiwit kapan unen-unen kaya ngono mau lekasane. Sopo sing nganggit lan sopo kang njalari tembung mau dadi kondang kaonang-onang ora kaweruhan. Wingi aku nyoba takon simbah malah diguyu,


"Ngopo to le.. thole, amung koyo ngono wae kok ditakokake simbah, koyo kurang gaweyan wae heheheheh..."
mangkono wangsulane simbahku.

       Unen-unen asem kecut gulo legi, prawan ngentut joko wedi ugo nduweni piwulang sing becik. Mligine tumrap sesrawungan ana ing urip bebrayan, mungguh kepriye unggah ungguh utawa sopan santun di trepake. Mesthine wae iyo kudu mangkono amargo sesrawungan utamane kanggo prawan lan joko kuwi ora bisa sembarangan wae. Aturan agama lan adat istiadat wis nggenahke menawa bab siji kuwi kudu digatekake temenan. Semono ugo nganti tekan urusan ngentut wae yo mesthi dijogo, dimen ora diarani uwong kang ora duwe adab.
Balik maneh neng babagan wit asem, wit asem jaman biyen akehe ditandur ana pinggir dalan kanggo turus. Ing jaman Walanda njajah wewengkon Indonesia, wektu kuwi pamarentah Walanda lagi regeng-regenge ambangun jaringan transportasi. Wiwit dalan sing bisa diliwati nganti tekan perkebunan lan dalan antarane kutha siji lan sijine. Ora keri pamarentah Walanda ugo gawe dalan sepur, ril-ril sing bakal kanggo dalan sepur mau mbutuhake bantalan saka kayu kang kuat. Rosa kanggo nahan bobote sepur kang nganti welasan ton.
Dalan sepur mau biyasane cedhak karo dalan aspal/lemah, supayane gampang kanggo ngangkut lan mindahake opo wae sing diperlokne. Kanggo evakuasi contone menawa ana kacilakan lan uga kanggo perawatan ing antarane dalan rong jinis mau, dalan sepur lan dalan biyasa. Banjur supayane ora kangelan ing mengkone menawa arep mbutuhake kayu, ana pinggir-pinggir dalan trus ditanduri wit-witan kang "keras". Lan akehe wit sing ditandur dadi turus ing pinggir dalan iku wit asem. Mergo kayu saka wit asem kuwi kuwalitase ora kalah karo kayu jati. Lan ugo wit asem yen wis gedhe bisa nganti pirang-pirang rangkulan, dadi yo cocok lan cucuk yen kanggo kayu cadangan kang sewayah-wayah dibutuhake.

       Wit asem sakliyane migunani kanggo turus ing pinggir dalan, bisa ugo awohe kanggo bumbon ing gandhok. Bisa kanggo sayur asem, kanggo gawe sambel kacang, gawe sambel lotisan lan sakpanunggalane. Ana ugo sing migunakne didadekne permen asem manis, permen kang bahane wis dicampuri nganggo asem banjur digawe bunder koyo bakso, tp cilik. Banjur ana pinggire enek gulo pasire kang kelet. Permen asem manis biyasane disunduk, dadi persis lolipop nanging rasane asem kecut lan legi waah...(t)
Asem kecut gulo legi, prawan ngentut joko wedi Asem kecut gulo legi, prawan ngentut joko wedi Reviewed by seno on 05:47 Rating: 5

11 comments:

  1. Hahahaa lucu judulnya.

    Sukses Untuk Anda...

    Salam Blgwalker..

    Ditunggu Kunjungan Baliknya...

    ReplyDelete
  2. suwon nggih mas-mas sedoyo..mudheng mboten sampeyan..

    ReplyDelete
  3. wah2,, wong jowo aseli toh... jowo endi cak

    ReplyDelete
  4. bagian tengah rek, suwon yo

    ReplyDelete
  5. Aku wong Purwodadi,Mas Brow...sampean ngendi?

    ReplyDelete
  6. judulnya sangat lumayan memancing kita untuk membacanya,...
    tapi syukur juga akhirnya selesai juga membacanya, terima kasih atas infonya sobat

    ReplyDelete
  7. terimakaih telah mengunjungi blog sya

    ReplyDelete
  8. haha kenapa joko harus tkut yah mas? pdhal kan cma kntut :D

    ReplyDelete