Lazada Indonesia

Ngadhepi Taun anyar

Taun anyar, taun kang sadhela maneh bakal gumanti. Sakjrone setaun kang kapetung ana 365 dina, 52 minggu lan rolas sasi yen miturut aturan tahun Masehi. Rasane kaya lagi dhek wingi, ee ladalaah lha kok ngerti-ngerti wis arep ganti taun maneh. Ora krasa menawa srengengene wis mubengi bumi, weh opo ora kwalik yo.... bumine sing ngubengi srengenge kaping 365. Dadi bumi mubengi saka titik asale lan bali maneh menyang titik sing persis kaya maune, yen ditotal ana semono mau, telungatus sewidak limo dina. Utawa kena diarani wektu setaun kuwi ngliwati 365 awan lan 365 wengi.

Saklawase setaun iki akeh kedadeyan-kedadeyan kang gawe donya dadi regeng. Ana kabar sing nyenengake lan ana uga kedadeyan sing marai miris. Yen ngenani kabar nasional sing rame sakjrone taun iki yokuwi ing masalah politik contone, kasus-kasus korupsi proyek Hambalang kang nyebabake salah sawijone mentri pemuda lan olahraga mundur saka jabatane. Andi Malarangeng kepeksa mundur amarga kadakwa menehi palilah tumrap pametune dhuwit sing dikorupsi dening urusan "proyek raksasa" Hambalang. Proyek sing mbutuhake dhuwit kurang luwih 2,3 trilyun, nganti seprene during rampung. Malah kepara saperangan gedung ana sing benthet-benthet, yen ndelok anggaran kang gedhene trilyunan mau ora wajar menawa proyekke dadi mangkrak. Pawongan liyane kang kesangkut masalah Hambalang uga yokuwi mantan puteri Indonesia kang dadi anggota DPR, Angelina Sondakh.

Ana maneh kasus korupsi sing lagi rame-ramene yokuwi "proyek pengadaan alat simulator berkendara". Sing bakalan kanggo ngetes utawa nguji para masyarakat kang bakal gawe SIM ( Surat Ijin Mengemudi ). Lah iki sing marai rame ing antarane panelik sandi KPK lan pihak kepolisian. Irjen Joko Waluyo sing dadi terdakwa utamane merga ngrugekne negara pirang-pirang milyar. Polisi sing kudune dadi pengayome masyarakat malah tumindak ora becik.

Masalah olahraga utamane olahraga bal-balan, dualisme PSSI. Yen miturut penulis masalah iki pancen disebabake urusan politik kang mlebu menyang urusan olah raga. Dualisme kepemimpinan mau bisa uga sing dadi sebab prestasine timnas neng piala AFF dadi mudhun. Lan ancamane FIFA sing bakal menehi sansi marang Indonesia gari ngenteni dina. sakwetara prestasi olah raga liyane iyo ora ana sing isoh dibanggaake. Ana Olimpiade London cabang olah raga andalan sing bisa nyumbang medali emas yokuwi badminton, gagal total. Sing bisa kanggo panglipur ati kasil disabete medali perak karo perunggu saka cabang olah raga angkat wesi. Lumayan kanggo tombo celik.

Ana bidang hiburan seni lan kabudayan ing taun 2012, saya gumyak. Amerga akeh kegiatan seni lan kabudayan sing dileksanakake kaya festival kabudayan sing wis dadi agenda taunan ing saben wewengkon saknuswantara. Ana uga festival musik tingkat internasional sing wis sukses dileksanakake, Festival musik Java Jazz ing Jakarta. Ing tingkat nasional konser musik pop lan sakpanunggalane ora kepetung akehe.

Bidang-bidang liyane misale pendidikan, wis kasil katetepake menawa ing taun 2013 bakal ana kurikulum anyar. Demo-demo para mahasiswa ijih akeh, sing paling gedhe pas ana demo nulak munggahe rega BBM ana sasi Maret 2012. Demo kang kasil menggak munggahe rega BBM mau dianakake meh saben kutha ing Indonesia. Nanging alane kesuksesan mau ora cucuk yen dibandingake karo anane bentrokan antarane mahasiswa antar kampus. Para mahasiswa padha perang dhewe-dhewe merga mbelani fakultase..hmmm. Malah ana kurban sing tiwas ana ing sakjroning perang mau. Tawuran mau banjur mrembet menyang bocah sekolah tingkat menengah lan mrembet maneh menyang tingkat kampung. Tawuran antarane kampung mau ana sadhengah papan. Kurban tiwas yo ora setithik, pancene jamane wis edan opo uwonge sing karepe dhewe-dhewe yo embuh.

Sing bakal dadi kawigaten ing taun ngarep kiro-kiro isih tetep opo ora yo? Iku pitakonan sing metu saka pikiran mesthine. Sing jelas mesthi wae masalah sing durung rampung ing taun wingi diarep mugo bisaa kelar ing taun anyar mengkone. Saengga kahanan dadi luwih becik lan ayem tentrem ing Indonesia. Lan masalah anyar kang bakal teka kabeh wis sumadyo ngadhepi. Sampun cukup, matur suwon.

Ngadhepi Taun anyar Ngadhepi Taun anyar Reviewed by seno on 04:29 Rating: 5

1 comment:

  1. Casinos Near Casinos and Sports Betting in Washington, D.C. - Mapy
    Find your nearest Casinos and 충청남도 출장샵 Sportsbooks 군포 출장마사지 in Washington, D.C.. Casinos Near Washington, D.C.. 여수 출장마사지 Casinos Near Washington, D.C.. Casinos Near Washington, D.C.. Casinos Near Washington, D.C.. 의왕 출장마사지 Casinos Near Washington, D.C.. Casinos 보령 출장샵 Near Washington, D.C..

    ReplyDelete