Nyadran kang sepisan


Wingi pas ono acara ruwahan, aku diajak karo kancaku nyadran, yokuwi nyekar menyang kuburane mbahe. Mangkat soko ngomah esuk jam 9 nan, rencanane mampir golek uborampe dhisik ono pasar. Sing wujute kembang setaman, yokuwi kembang mawar warno warni kang wis diphithili banjur dibungkus nganggo godhong gedhang. Kenopo mangkat esuk-esuk? Margo kuburane mbahe kancaku mau manggone ono adoh, ono ndeso pinggir gunung.

Aku mbonceng karo nggowo uborampene dinggo nyadran, ora lali nganggo helm lan jaketan rapet supoyo awake ora dadi ireng ( hahaa ngangsi koyo iklan ). Telung jam lingguh ono jok rasane neng awak kaku kabeh. Dasar panase awan ora iso disanak, mendhunge ora katon jane ndelik ono ngendiii.? Tekan panggonan kuburan wis wayah adzan luhur... Wah beneran ora adoh biso ndelok ono mesjid, aku ro kancaku banjur sholat dhisik.

Rampung sholat kancaku, Paijo sambat keluwen wetenge. Dheweke omong mau yen durung sarapan, dadi yowis pancen wayahe nglilit. Semono uga aku tanpo ba..bi..bu langsung tak iyani wae. Tanpo kendhat Paijo nyritakne menowo bapake ora biso nyadran mergo lagi ora kepenak awake. Paijo sing dadi anak ragil banjur dikongkon bapake mangkat ngajak aku. Wah yo idhep-idhep dolan, Paijo kuwi kancaku raked dadi aku ora biso alesan opo-opo.

Bubar mangan ono warung soto, bali menyang kuburan aku manut wae. Untunge kuburane leluhure Paijo panggonane rodho eyup, ono ngisore wit gedhe. Tekan banjur ngresiki nisane mbahe lan trahe, mbubuti suket lan tanduran ono duwur kuburane mbahe. Aku yo melu ngewangi ora tak gagas ono sisih tengah kuburan lagi podho gawe candi. Kuburane mung biasa wae, nisan jejer-jejer neng sisihe ditulisi jeneng lan taun sedane poro suwargi (suwargi, swargi = tetenger kanggo nyebut utowo ngarani pawongan kang wis mati, contone ; suwargi anu.., suwargi mbah anu.., lan sak panunggalane ).

Ubarampe sin cemanthel ono pit motor tak jupuk, tak kekne Paijo. Dheweke banjur ndodhok ono ngarepe nisane mbahe karo umak umik moco donga. Aku melu ndodhok senajan ora mangerteni dongane, yo mung mugo-mugo biso ditompo dening Gusti Alloh sing Moho Kuwoso sakabehing amal lan dingapuro kesalahan lan dosane ...amien.
Kembang uborampe ono buntelan banjur di uwur-uwurne ono dhuwure nisan, kabeh.

Wis rampung banjur Paijo ngajak mulih, batinku lagi saiki aku biso ngrasakne howo mistis ono jerone pakuburan. Kroso singup.
Tak gojegi Paijo, dheweke malah mrenges. Jarene Paijo mau sakjane yo rodho kedher, wedi mlebu menyang jeron kuburan nanging gandheng wis ono kancane, dheweke dadi malih kendel. Opo maneh mau neng kuburan ono wong liyo sing lagi nyandi. Hihii...

O iyo nyandi utowo gawe candi tumrap wong jawa kuwi wis wajib. Biasane kuburan sing di gawe candi yen wis 1.000 dino. Saben ono wong mati poro keluargo podho mengeti 3 dinane, 40 dino, 100 dino, setaun ( diarani pendhak pisan ), rong taun ( diarani pendhak pindho ). Lan yen wis 3 taun di pengeti upocoro nyewunan, sak durunge nyewu kuburane banjur digawe candi.
Nyadran kang sepisan Nyadran kang sepisan Reviewed by TABUH GONG on 13:01 Rating: 5

6 comments:

  1. candi kuwi rak nisan kuwi to ya Kang?

    ReplyDelete
  2. iya bener mas, tapi akeh wong ngarani kijing

    ReplyDelete
  3. dikampung saya nyadran juga masih sangat meriah. Makan bebarengan di pintu masuh kuburan.

    ReplyDelete
  4. iyo mas djangkaru matur suwon, padahal sesuk wis mulei sasi romadhon yo

    ReplyDelete
  5. terimakasih sudah berkunjung, salam kenal :)

    ReplyDelete
  6. Bhasanya saya kurang mengerti mas,,,bahsa jawa ya :)

    ReplyDelete