Lazada Indonesia

Pitakonan iki apa jawabane ?

gambare wong lagi mumet, saka sumber google


Wektu saiki akeh kedadeyan utawa kahanan kang ora mrenani neng ati. Angger keprungu dadi miris, dadi ora doyan mangan. Lha sa'jane ana masalah apa ?! Aku lagi mangkel, lagi anyel !
Wong yen lagi nesu ki tiba'ne malah ora ndadekne masalah rampung. E lha kok malah ndadi ngombro-ombro, karepe mono di tegasi kareben kapok. Ananging dasar ketanggor wong ndableg, ora rumangsa salah malah samsaya ngece. Ojo dumeh kowe isa ngeyel, saiki mungkin aku mung isone ngempet lan njaga diri. Aku ora kepingin dendam, sepisan iki aku isih sabar nanging mbesuk yen digawe kaya ngene, di gawe nesu maneh mbuh dadine !?


Wong yen lagi nesu ki jebulane asor drajate, amarga apa ? Amarga pingine muntap, pingine nglarani wong sing wis gawe nesu mau. Kepingine nuruti rasa mangkel dadine sulaya neng endhas. Rasane neng sirah wis senut-senut, kayane endhas iki tambah kandel, tambah nggandhen. Bisa-bisa kena stroke mengko, yen arep misuh-misuh tiwas ngentekne cangkem, kenopo ya dadi asor tenan... Asoooor !!

Kenopo uwong bisa dadi nesu dadi mangkel lan anyele nganti ngigit-igit. Apa kuwi jinise "penyakit jiwa" sing diarani phsyco, jan wis tekan wates kesabaran, wis kebangeten tenan. Nganti mentala tekan semana.
Banjur kepiye kanggone uwong sing wis nyebabake dadi nesu, utawa malah pancen njarag supaya dadi nesu. Apa kuwi uga jinise "penyakit jiwa"?


Pancen angel yen arep nggambarke swasana ati lan pikirane uwong kang lagi nesu.. lagi anyel lan mangkel. Sing jelas mesthi gobras gabrus, ana wae barang sing pecah utawa rusak jalaran ana sipat nesu mau. Misale aku ahli psikologi mesthi bakalan ngerti, mula banjur akeh pituduh piye carane supaya ora isa nesu. Hmm apa enek ya? Yen ngempet akeh tak kira.
Sa'temene sing diarani sabar ki sing kepiye ??
Pitakonan iki apa jawabane ? Pitakonan iki apa jawabane ? Reviewed by seno on 20:03 Rating: 5

4 comments:

  1. sabar kuwi sing ora gobras gabrus.

    ReplyDelete
  2. wah angel mangerteni angger lagi kahanan nesu mas,,

    ReplyDelete
  3. yaaaaa kwiiii jawabane...ganpangoooo....aja klalen marang ALLAH,akehi istigfareee...ko..rasane mak ceeees nak ati....bener bliii/////

    ReplyDelete
  4. iyo mas matur suwon jawabane,

    ReplyDelete