Nglanjutake postingan sakdurunge yokuwi Tata cara sungkem lebaran. Sakdurunge wis dirembug babagan tata cara sungkem utowo ujung, yokuwi njaluk pangapuro ing antarane anggota keluargo, sedulur, konco lan tonggo teparo. Pancen wis dadi budaya wong jowo sing ngagungake uwong tuwone, utowo ngurmati sing luwih tuwo.
Gegandhengan karo tekane dino bakdo lebaran, budaya sungkeman utowo ujung iki mau ndadekake swasono tambah sampurno. Ora kliwatan kabeh podho nyengkuyung anane budaya sungkeman kang biso nglakokake mesin ekonomi. Wiwit lekase poso nganti tekan h + 7 lebaran. Yen dietung-etung nganggo angka, dhuwit kang mubeng ora sithik nganti Trilyunan rupiyah. Lan ugo ndadekake pagaweyan tumrap uwong akeh.
Banjur intine dino lebaran tumrape wong jowo, podho bali khitah dadi resik. Sing dipralambangne bali koyo bayi kang lair tanpo dosa. Eling marang tanah kelairane, eling marang wong tuwone, eling marang leluhure. Senadyan kepiyeo wae kahanane, saperangan pawongan malah direwangi golek utangan (??), tetep kudu mudik. Ono unenan "mangan ora mangan angger kumpul", biso dadi ugeman kanggo wong jowo.
Wektu mlumpuk sakeluargo acara sungkeman di tindakake. Kanggo wong kang wis pengalaman utowo wis tuwo ora dadi masalah, nanging kanggo generasi saiki bakal dadi grundelan neng pikiran. Dhasare lair lan digedhekake ono neng perantauan, dheweke bakal nemoni masalah. Banjur piye tetembungan kanggo sungkeman, miturut boso jowo. Ora lali koyo kang dirembug ono postingan Tata cara sungkem lebaran. Ono kene biso ditemoni conto-conto tembung kang di pocapake wektu sungkeman :
Tondho titik titik biso diganti tembung Eyang kakung, Eyang putri, Bapak, Ibu, Pakdhe, Budhe, Paklik Bulik, Om lsp. Biso ugo karo nyebut asmone, contone :
- "Matur dhumateng Pakdhe Setyo, kulo ngaturaken sugeng riyadi, sedoyo kalepatan nyuwun pangapunten"
Tondho titik-titik biso diganti asmo utowo jeneng, ora lali nyebut sebutan Kakang mas, Kangmas, Mbakyu.
Biso ugo tembung sungkeman diwakilne karo bapak utowo ibu, yen teko bareng sak keluargo. Sabanjure liyane gari melu salaman wae, lan urut soko sing luwih tuwo dhisik. Pocapan tembung iki wis umum digunakake kanggo nyingkat wektu. Contone mangkene :
- " Inggih badhe matur dhumateng . . . . , kulo sak keluargo dumugi mriki, kaping setunggalipun namung badhe sowan . . . . , kaping kalihipun kulo sak keluargo badhe ngaturaken sugeng riyadi ugi ngaturaken sedoyo kalepatan ingkang kulo lan sakeluargo sengojo utawi mboten dipun sengojo. Mugi mugi wonten dinten ariyadi puniko sageto lebur, mugiyo Gusti Alloh kepareng maringi pangapunten"
Tondho titik-titik diganti jeneng lan sebutan.
Kanggo cathetan, tembung tembung sungkeman neng dhuwur mau mung conto, dadi yo sumonggo diathik dhewe, yen ono sing kurang, opo keluwihen.
Tata cara sungkem lebaran 2
Reviewed by seno
on
16:32
Rating:
matur nuwun sampun diparingi tutur, mugi2x kulo saged nindakaken sedoyo pitedah puniko.
ReplyDelete@Mbak Iis => nggih mbak Iis matur suwun ugi, namung kangge pangertosan mawon mbak.
ReplyDeletekedah ngagem boso jawi nggih anggene ngendika wonten mriki... hihihi...
ReplyDeleteMatur nuwun mas sampun diaturi preso toto coro sungkemanipun. Mugi2 mangkeh kemutan anggene praktekipun...
Oks, Komentare pun kulo 'publish' kang...
ReplyDeleteLan matur thank you sampun posting toto coro sungkem + conto-contone..
wah bagus sekali nih sobat...
ReplyDeletesaya harus belajar dari sekarang, biar waktu lebaran nanti tinggal menjalankan saja
kula tumut ndeprok wonten ing mriki lak nggih angsal tow kangmas? :)
ReplyDelete@Mifthah da silva=> matur suwun mas,
ReplyDelete@penyuluh perikanan=> namung sekedhar conto mawon mas
@lhonk=>sumonggo mas, yen barak'an cukup salaman mawon mboten sah ngangge ndheprok
Datang ke sini lagi
ReplyDeleteuntuk persiapan lebaran latihan dulu biar tambah lihai nih
hhmmm :) ..
ReplyDeletepangapura kula kang ,, :)
@Penyuluh Perikanan=>nopo wonten sing ketinggalan mas?
ReplyDelete@emmethe=> inggih sami sami mas, matur suwun