Lazada Indonesia

IKI PANGANAN ARANE OPO YO,


Sasi pasa wis meh entek, ora kerasa ngono lo... Bola bali yen wis dadi pakulinan kuwi, samubarang apa wae dadi entheng. Ngerti-ngerti kuwajiban ana sasi pasa ameh rampung. Saben dina wiwit esuk wayah srengenge durung njedhul wis padha saur, mangan kanggo sangu awan mengko kareben ora keluwen. Wayah awan nindakake pakaryan kaya biyasane senadyan radha beda karo dina liyane. Dene yen wayah sore bubar ngayahi pakaryan..wayahe leren. Bubar adus banjur mlaku-mlaku wayah sore, basa gaule ngabuburit, ndelok kahanan karo pit pitan (golek lawuh).


Anyedhaki rampunge pasa ana kebiayasaan utawa pakulinan uga sing dadi budaya, yokuwi atur atur, ater-ater, punjungan utawa andum parsel. Punjungan sing wujute panganan olah olahan, gulo teh, panganan kalengan utowo kemasan, ana ugo sing wujut parsel. Kuwi mujutake rasa syukur marang Gusti Alloh awit nganti 2/3 sasi wis kasil nglakoni pasa. Lan ugo kanggo ngadepi dina lebaran mesthi wae. Embuh wiwit naliko kapan pakulinan utowo budaya punjungan asal mulane, ora ana kang mangerteni. Nanging sing paling pokok werdine budaya punjungan yokuwi kaya wis disebutake ana dhuwur, mujutake rasa syukur. Banjur padha ijol ijolan punjungan, ing antarane tonggo teparo apa karo sedulur. Kareben kabeh padha bisa ngrasakake adil lan kenikmatan kang ditampa saka paringane Gusti Alloh. Sing padha seneng masak olah olahan punjungane olahan mateng lan sakpiturute.


Nanging sore wingi bedo karo liyane, yen tonggo liya padha munjung gulo teh lan sak piturute. Tonggoku siji iki sing jenenge mas Paiman, pancen bedo tenan. Dheweke menehi panganan sing ora tak weruhi arane.
Mas Paiman pancen dhasare wong duwe, senadyan ora nate mangan sekolahan. Usahane sukses rejekine wae ngalah ngalahake gaji kelas direktur perusahaan. Dheweke sing nduweni restoran utowo rumah makan kang wis kondang ing kutha Semarang.

Lan sore wingi kabeh tonggo sak lingkungan padha di punjung panganan olahan saka macem macem daging. Wujute meh persis kaya steak, nanging ora nganggo saus...hmmm arane opo iki ?? Wong aku mudhengku yo mung ayam goreng, opo ayam bakar, nila, lele bakar utowo goreng. Yen sayuran yo kubis, godhong kemangi pasangane. La iki ana brokoli lan godhong apa ?
IKI PANGANAN ARANE OPO YO, IKI PANGANAN ARANE OPO YO, Reviewed by seno on 09:30 Rating: 5

11 comments:

  1. aku ya padha karo Sampeyan. ora mudheng panganan enak, haha

    ReplyDelete
  2. @Zachflazz=>iyo mas suwun nggih

    ReplyDelete
  3. sik sik mas, panjenengan tiyang pundi nggih? kok basane sami kalih daerah2 kuloxD

    ReplyDelete
  4. @ Alam Perwira => nyuwun pangapunten mas menawi palenggahan kulo mboten kulo sebat wonten profil, namung celak Solo mawon kok. Mekaten nggih

    @ Nurmayanti Zain=> kok namung hmm..

    ReplyDelete
  5. ohh ngiih mas mboten punopoxD
    salam sejahtera blogger jateng hehexD

    ReplyDelete
  6. mampir rene wae lah, mampir balek hahaxD

    ReplyDelete
  7. Yo mas Alam sumonggo dikepenakke wae,

    ReplyDelete
  8. wah iki panganan sing paling uenak rek...
    ojo lali, bagi^ yah..
    ditunggu kirimannya

    ReplyDelete
  9. Wallah KangMas, tradisi punjungan ing panggonanku wis luntur. Budaya Jawa kang sarwo endah sampun lumingsir. Matur sembah nuwun sampun kersa rawuh.

    ReplyDelete