Lazada Indonesia

Pilih I-Buuk Utowo Buku Asli

Cara Membuat Video Tutorial 250x250
Conto E-book, biso dituku liwat klik gambar
     Jaman owah saben wektu, Samsoyo dino samsoyo canggih, akeh cara kang dumadekake urip dadi gampang. Akeh werno lan pilihan, 'luwih penak meneh yen kabeh digawe gampang', lan ora perlu andadekake mumeting pikiran. Amung gampang kuwi maksute iyo ora gampang. Dalane dadi gampang kuwi angel, kudu ngliwati dalan kang ruwet dhisik.
Ono tembang mocopat " Pocung", sing biso dijupuk kanggo nggamblangake.
Ngelmu iku kelakone kanti laku, lekase klawan kas. Tegese kas nyantosani, setyo budyo pangekese dur angkoro
     Kang diwenehi garis ngisor ing dhuwur, tegese, samubarang iki biso dadi kasunyatan awit ono lakune, kabeh mowo proses, saenggo saiki katon wujute temenan.
Ngelmu iku amung sarono kanggo mujutake angen-angen kang ngglayut sajroning pikiran, biasane nuntut supoyo dadi kelakon. Supayane dadi kelakon kudune yo nganggo ilmu, sinau soko pengalamane dewe biso ugo sing dilakoni uwong liyo.
Pengalaman biso ugo ditularne liwat tetembungan utowo tulisan.
    Kawit jamane poro leluhur kang nganggo sarono nulis ono watu, nganti godhong lontar. Leluhur moyang uwis kawit biyen mulo andum ngelmu  pengalaman, lsp, saenggo anak turune biso sinau luwih gampang.
Sak uwise ditemokne kertas, gethok tularing ngelmu dumadakan luwih cepet. Panggon pasinaunan dadi luwih akeh tur murah.  Akeh poro sarjono podo ngudi ilmu.
      Nganti tekan jaman saiki pasinaonan kang wis dadi wajib tumrap kanoman, wiwit umur 7 - 16 taun. Kabeh bocah sak Indonesia diwajibne sinau ono sekolah suwene sangang taun, utowo nganti tekan SMA lan sak tingkate. Mangkane biaya sajroning sekolah wajib mau di gratiske pemerintah, nanging ono kang ora gratis 100%.
Sarono kanggo sinau lan owah gingsire
      Prasarono pasinaonan sing awujut gedung sekolah, sarono parogo, sarono kanggo moco tulis lsp, kabeh wis cumepak. Ono sing disediyani sekolah, ono ugo sing perlu kudu golek dewe neng jaban sekolah.
      Ing jaman Internet sing cepet perkembangane, luwih gampang yen pingin golek prasarono kanggo sinau. Pingin opo-opo amung gari klak klik wae nganggo driji. Ananging ono siji kang ora biso ditinggalake, yoiku buku. Buku kang diwoco satiti mesti ajeh paedahe, ngilmu kang werno werni sumebar liwat buku.
Wujute biso tulisan tangan, cithakan utowo buku elektronik (E-book).

Saiki ing sadengah kutho wus cumepak lan sumadyo perpustakaan utowo toko buku. Gari milih sing endi, pilih E-book utowo buku asli ?
Pilih I-Buuk Utowo Buku Asli Pilih I-Buuk Utowo Buku Asli Reviewed by seno on 08:55 Rating: 5

5 comments:

  1. Waduh ini harus di translate dulu kang, soalnya saya endak ngerti ono mas :)

    ReplyDelete
  2. Ahi hi hi bahasa tidak begitu mengerti nih mas tapi sepertinya ini bisa jadi pembelajaran nih untuk bisa belajar bahasa jawa.

    ReplyDelete
  3. menurut saya mas, i-buuk utowo buku asli nilu sami-sami manpa'at, dadosipun tergantung ingkang sing moco. menwai mboten sergep enggeh mboten apik kabeh

    ReplyDelete
  4. nanggo boso jowo, mesti ditranslate rumiyen pakde :)

    ReplyDelete
  5. Idhep-idhep sinau boso jowo mas

    ReplyDelete