Lazada Indonesia

Hubungane lara sariawan karo cacing kremi

Sariawan utawa lumpangen basa jawane, kuwi wujute penyakit koreng sing manggon ana jero cangkem. Bisa ana pipi bagian jero, bisa uga ana gusi. Yen pamirsa wis tau ngalami lara sariawan mesthi bisa nggambarke kepiye rasane. Wektu mangan sing kudune ngrasakake enak dadi malah perih, apa maneh yen mangan pedhes-pedhesan utawa asin, wuah rasane perihe ora jamak. Nganti mripat dadi mbrebes mili, pokoke lara banget. Arep ngresiki untu utawa sikat gigi wae uga ora kepenak, kadang dadi males sikat gigi. Banjur ababe mambu, ngobrol karo konco dadi gampang emosi.

Lara sariawan disebabake saka kurange asupan vitamin C, bisa uga jalaran kechokot untune dhewe, trauma merga kena sikat gigi utawa sebab liyane. Yen sariawan utawa lumpangen merga kurang vitamin C biyasane diwiwiti lambe lan cangkem garing. Kulit kaku lan garing mau njalari suwek yen dinggo mangap umpamane. Kulit jero cangkem lan lambe kang suwek mau banjur dadi koreng. Bisane mari tambane yo kudu mangan vitamin C, bisa sing wujut pil utawa cairan lan mangan obat lara sariawan kang wis akeh neng pasaran. Bisa uga diajegi mangan woh wohan kang werno kuning lan oranye kaya jeruk, kates lsp.
sumber gambar

Lha saiki apa hubungane lara sariawan karo cacing kremi ?
Bab iki kanggo njawab lara sariawan kang disebabake amarga keno chokot untune dhewe, bisa pipi njero, ilat lan lambe. Nanging ora kabeh lara sariawan margo kechokot untune dhewe, ana hubungane karo cacing kremi.
Sepisanan kudu dimangerteni babagan kewan sing wujute cilik iki. Cacing kremi dawane kiro-kiro 1 sentimeter, cacing wadon luwih dawa ketimbang cacing lanang. Sing keno kanggo tandha liyane ngenani cacing kremi yokuwi, buntut cacing lanang wujute mlungker. Cacing kremi rupane putih dadi yen disawang kaya parutan klopo, iki bisa urip ana panggonan kang adhem. Ana awake menungso biyasane cacing kremi manggon ana jero usus gedhe. Menawa jumlahe ngluwihi saka atusan ana jero usus, diarani uwong kang keno infeksi cacingen.

Yen wayah wengi cacing kremi mudhun ana bolongan silit (?). Ana saperangan uga sing metu, Dadi rasane marai gatel. Menawa wayah ngendhog cacing wadon ngetokne endhoge ana silit. Wektu ngene iki uwong biyasane nggaruki silite.
Kuwi wayah awan, menawa mudhune bengi wayahe wong lagi turu, iki njalari tangan ora bisa nggaruki silit. Kahanan ora sadar kaya ngono mau nyebabake reaksine amung ana otot silit. Kadang nyangkut menyang untu dadi nggeget-nggeget, kok bisa ya ? yo merga ngempet gatel kang lan ora bisa nggaruki dadine untu banjur nggeget. Menawa turune pas posisi miring, pipi jero bisa wae kena untu.
Nah pipi kang kechokot untu mau suwening suwe dadi ngoreng, utawa dadi sariawan. Dadi kaya ngono mau hubungane sariawan karo cacing kremi.

Cukup semene dhisik, muga ana paedahe kanggo pamirsa kabeh. Nyuwun pangapuro menawa basane radha jorok(?), ketemu maneh ana postingan liyane. Matur nuwun.
Hubungane lara sariawan karo cacing kremi Hubungane lara sariawan karo cacing kremi Reviewed by seno on 21:03 Rating: 5

6 comments:

  1. bahasanya agak aneg gak ngerti wkwkwkkk

    ReplyDelete
  2. Eee...lha dallah! kok lumpangen saged sinambungan kaliyan cacing keremi, to?. Nggih, nembe punika kula pireng. Saged ugi lumpangen puniko inggih sinambungan kalayan stress, lho kang mas!
    Matur nuwun sampun kersa rawuh.

    ReplyDelete
  3. Nggih mas Budi Prasetyo kaliyan mbak Wiendha, matur suwun ugi...

    ReplyDelete
  4. hubungane lara sriawan karo kermian kwen pada-pad metu csngkem sabab muasbabeee....kak...kakk..kakkk

    ReplyDelete