Lazada Indonesia
Gbr : Bunglon

      Blungon utowo bunglon ( bs. Indonesia ), sawijine kewan kang kagolong jenise reptil utowo kadal. Bunglon kerep diweruhi ana alas utawa kebonan, tegalan lsp. Menclok ana uwit ora katon amergo kulit awake sakwerno karo godhong-godhongan, ijo semburat coklat. Buntute kang dawane sepertelon dawa awake wernane coklat koyo kayu garing.

      Bunglon menowo kahanan bahaya biasane iso genti werno kulite podo karo sing ono cedake, dadi nylamurke sing nyawang. Mangkane bunglon duweni perbowo ora apik tumraping menungso, tumrap sesrawungan. Coba dipikir menowo ono pawongan kang duwe sipat koyo bunglon, wis mesti akeh kang nyingkiri. Amergo ndadekake roso ora sreg, ojo-ojo gek-gek uwong kuwi amung nylamur. Duwe karep kang ora becik. Kuwi mau yen di delok soko bagian olo (negatif ).

      Nanging yen disawang sisi positif, pawongan kang sipate koyo bunglon biso migunani ugo. Contone kanggo nyesuekake drajat, salah siji kudu dadi asor lan semono ugo suwalike. Dadi filosofi bunglon, gumantung awake dewe kang nemtokne. Wicaksono utowo empan papan lan mangerteni marang kahanan kudu wajib dianggo ono ing alam sesrawungan.
Mugo migunani sakabehe, TabuhGong !!
Reviewed by seno on 20:20 Rating: 5

No comments: