Lazada Indonesia

Butuh opo pekewuh



      Kabutuhan urip sedino-dino kuwi ono rong perkoro, sepisan kabutuhan kang asipat kadonyan, koyo to pangan lan sandang. Kaping pindho yo kuwi kabutuhan batin kang nyakup rasa seneng, manteping ati lsp. Sarto ugo kabutuhan kang paling utomo, manembah marang Gusti kang gawe urip. Supayane ati dadi adem ayem lan ikhlas anglakoni urip ing alam donya minongko titahing Gusti.

        Manungso kejobo kabeh ing dhuwur, ugo tetep butuhake sesrawungan amrih mantep lan dadi jejege laku. Bisa podho bareng nyunggi abot enthenging urip, podho biyantu tumraping sapodho-podho. Ono rembug kang apik iso dadi dalan ketimbang adhu otot. Ora gumun menowo ono unen-unen " mangan ora mangan angger kumpul", kang werdine, kabeh tetepo nyawiji ngumpul senadyan ora ono kang dipangan.

        Kawiwitan soko keluwargo, paseduluran kang paling utomo. Banjur menyak ramening kekancan, tonggo cedhak nganti tekan tonggo adoh. Kabeh mau kanggo pepiling menowo menungso kabeh ora biso urip dewekan. Ono butuh opo kang wigati mesthine yo nganggo pambiyantu soko uwong liyo, kang paling cedhak dewe keluwargo, menowo ora duwe keluwargo, tonggo kuwi kang bakal dhisik nulung. Ono goda rencono dadi gampang ngrampungke yen disonggo bareng-bareng.

       Dadi wajib ukume podho tetulung marang tonggo cedhak. Tonggo cedhak kuwi ibarate sedulur bedo gedhek, keletan gedhek utowo tembok nanging tetep diarani sedulur. Yen ono butuh pitulungan ojo sungkan jaluk tulung marang tonggo, semono ugo suwalike, menowo ono tonggo butuh pitulungan ndang gage awake dewe moro. Ora susah ewuh pekewuh sembada wae lan opo butuhe, Thes ! Thess ! Thess !!
Butuh opo pekewuh Butuh opo pekewuh Reviewed by seno on 00:35 Rating: 5

3 comments:

  1. Dengan tetangga harus hidup rukun dan damai, saling tolong menolong. karena ketika kita mendapat suatu musibah..tetanggalah yg paling duluan menolong kita..kira-kira begitu ya mas artinya... :)

    ReplyDelete
  2. Nggih pancen mboten klentu mas

    ReplyDelete
  3. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete