Lazada Indonesia

PECEL GENDAR


    Sopo wonge ora mangkel sak awan ora dimasakne karo mbok wedok, angger niliki mejo makan anane mung cething kosong. Padahal kat isuk durung kisenan opo opo weteng iki. Haduuhh mliiliit... tenan rasane.
Sriiii, .....Sriiii
Ono ngendi kowe ?? Elladalah...
Sakjano ono ndi bojoku iki,
Srii....
Mbengokku samsoyo banter, ora ngerti opo aku lagi kesel tambah weteng luwe koyo ngene. Si Paijo yo ora katon kemliwer iki yo nandi bocah kuwi ?
Yen si Paijo anakku mono cah ra omah, pancene ngono yen bubar muleh sekolah banjur bablas mblayang karo balane. Di kandhani yo angel bocah kae, weiis duwe anak siji wae karepe dewe.
Opo yo kelakon kaliren yen ngene iki.
Wah njur kelingan aku isih duwe duwit ono kanthongan celonoku.
Tak rogoh rogoh kanthonganku..... hahaha ono limang ewonan, wa lumayan keno nggo mangan metu.

Tanpo nganggo kesuwen aku banjur nyaut kaos ...tak nggo trus metu mancal pit onthel mak wuusssh..
Lingak linguk aku neng dalan, bingung arep jajan opo. Duwit limang ewu oleh opo saiki, gek opo yo isoh wareg ki mengko??
Batinku nggrundhel dewe..
Oo iyo dadi kelingan warunge yu Painah aku.. Iyo yu Painah bakul pecel gendar,
Sak naliko ta pancal pit onthelku mbelok protelon, wiiiinngg !!
Ora suwe tekan warunge yu Painah.
Gendare isih yu..?? Tulung di pincuk pangan kene wae yoo..
Tembungku ora kesuwen,
O iseh mas ... dengaren timen mampir mrene. Gelem ora karo mbang turi ?
Saurane yu Painah.
Yo rapopo yu, ning ojo akeh akeh yo yu. Ora pati minat sakjano aku.
Sambele nganggo tumpang wae yo, mergo sambel kacange pas entek iki mau mas...
Gek ndang kono yu selak luwe aku, kat isuk mau durung mangan loo.
Iyo yo sabar to mas.... Iki nyooohh ...nganggo sendok pora?
Go rene ...rasah sendok sendokan barang !!

Sak naliko tak  saut pincukan pecel gendare..banjur tak pangan telap telep.
Waah legoo wetengku
Batinku.
La mbakyu Sri opo ora madak to mas ? Kok yo mase ki jajan pecel gendar mrene ?
Assh embuh yu yu.. Muleh neng omah ko mau sepi ora ono wong wang wing. Malah takkiro bojoku dolan neng nggonmu, jebulane yo ora ono. Mbuh lungo nandi bojoku mau?
Ora katon mrene ki mas bojomu... La opo yo ra titp kunci ngarep omahmu kae??
Ora titip kunci kuncian yu, la wong aku muleh ki lawang jih blak blakan. Tak pikir yo ora lungo nandi ndi. Wiis yu piro ??
2000 wae mas, karo bakwan loro dadi telung ewu. Kok kesusu ki selak arep nyandi to ??
Yo arep goleki bojoku wae yu jano... Oiyo yu tulung diplastikne cao sing rong ewu yo. Iki duwite limang ewunan.
Nggih mas sekedap..  Niki caone   sueun nggih mss
Iyo yu ... Sik yoo 
Banjur klepat balik muleh aku karo nyangking plastikan cao. Jano niatku arep goleki bojoku, nanging aaahhh rasido. Langsung muleh wae.
Mengko yo bakal bali dewe ora susah ndadak digoleki. Mending muleh njur ndandani pancing sesuk mumpung prei keno di enggo mancing maneh.
PECEL GENDAR PECEL GENDAR Reviewed by seno on 00:46 Rating: 5

No comments: