Lazada Indonesia

Guwak kali


Mancing neng kali biso dadi tombo mumet
   Sawijining dino aku nemoni konco, asline yo mung dolan wae tinimbang neng omah jenuh lan pikiran buneg. Ngobrol suwe ngenani opo wae ono ngemper omahe koncoku, takon masalah skripsi terus masalah ngeblog masalah cewek lan macem-macem.
Suwening suwe la kok yo dadi garing lambene, sambat aku marang deweke. Terus deweke ngejak metu golek ngombe, mlaku cah loro aku lan koncoku nuju menyang warung. Udokoro sepuluh menitan wis tekan warung amergo yo mung mlaku idep-idep kari olahrogo. Sakbendino mung lingguh kursi karo ngadhep komputer tivakno yo marai jeleh. Bareng dienggo mlaku-mlaku risone dadi bedolah, isoh lali marang pikiran buneg lan masalah kang ruwet.
Ono warung deweke pesen es jeruk loro diwadahi plastik, tuku rokok sebungkus karo cemilan diwadahi plastik.
"Diteruske mlaku-mlakune iki ?" Pitakonku
"Iyolah, yook"
Bubar mbayar koncoku ngejak mlaku menyang taman kutho, sing ora adoh soko kampunge. Cenat cenit mlaku karo kolo-kolo nyruput es jeruk waah yo seger.

                                                   ***

Gambar dijipuk soko rajalampu.file.wordpress.com

Tekan panggonan hawane pas penak ora pati panas nanging angin semilir. Ngobrol dadi kepenak ugo, nganti ngganyik tekan wayahe luhur..
"Weh esku entek ki ..."
Koncoku banjur guwak plastik wadah es menyang kalen.
Aku menga-mengo goleki wadah sampah, yo ora nemoni walaah untung wae esku ijih.
" nandi iki wadah sampahe, mosok panggonan taman kutho kok yo raono wadah sampahe. Jiaan...,"
Terus piye iki ??
"Biasalah uwuhe guwak kali, yen ra ngono guwak dalan mengko ben keplindhes mobil. Bar to urusane, mengko yen plastike kelet neng ban lak bakal ketut tekan adoh. Dadi awake dewe ora susah golek wadah uwuh. "
Kuwi mau ngendikane konco sing karib karo aku, hmmm..... mikir diluk #@#$$$$!!!??;:
Banjur piye yo ?padahal koncoku kuwi cah kuliahan, la yen tak pikir kuwi wae omongane, kelakuane uwong sing duwe piwulangan duwur. Piye jajal yen sing ngomong kuwi pawongngan kang ora tau mangan sekolahan ?

Guwak kali Guwak kali Reviewed by seno on 06:11 Rating: 5

No comments: