Lazada Indonesia

Keplok keplok dara keplek, cihuy


Adem tenan bengi iki, udan pancene wis terang. Nanging wis jam 11 luwih, dadi tetep ora bisa menyang ngendi-endi. Jan jane mono rencanane ameh kutha-kutha. Ealah wiwit sore malah udane kaya di byukne, derese eram-eram. Dadi yo mung njegreg neng omah pungkasane.

Kepingin aku weruh jare ana konser musik saka grup band kesenenganku. Ngertiyo yen udan sore mangkatku tak ajokne ngono hmmmh !! rada mangkel aku karo udan ki mau. Lha aku banjur metu neng dalan, nyawang kahanan. Grimise saya suda, neng kadohan katon lampune wedangan jih rame. Mengo ngiwo ana pit motor liwat nglakson, aku kaget banjur enggal arep minggir, munggah nang trotoar.

Bareng wis neng trotoar tak pikir kok sorot lampu kaya ngetutake aku. Saya cedhak saya cedhak bareng tak sawang mataku dadi sulap sak nalika, jebul pit motor mau wis cedhak banget lan lampune disorotke pas raiku. Diamput tenan wong iki, "Heeh iso di pateni sorote kuwi !!" aku bengok karo tak cedhaki pawongan kurang ajar kuwi. Bareng wis neng ngarep tak saut kuncine.
"Kowe arep nyoba nantang yo ! Iyo !!" tak cekel gulone, dheweke malah mesem-mesem. " malah njegeeges ..., woo b*****t !! Keparat" arep tak koplok tapi tak sawang-sawang kaya wis kenal. "Jebul w*****se !" Oalah jebul kancaku nongkrong, ??
( besuk di tutogne maneh)
Keplok keplok dara keplek, cihuy Keplok keplok dara keplek, cihuy Reviewed by seno on 23:46 Rating: 5

14 comments:

  1. makanya gan jangan emosi duluan, siapa tahu temannya mau kasih duri eits boncengan :))

    ReplyDelete
  2. Walah bos kok nyungsep mrene, suwon yo bos komentare. Suk maneh dolan mrene, yo jolali..

    ReplyDelete
  3. @gotafo > Haa bener-bener, neng kene awake dhewe kongsinan.

    ReplyDelete
  4. untung dudu bapakne si Yani, hehehe

    ReplyDelete
  5. Suwon banget yo bro, suk maneh lho.. Ojo ngangsi lali.

    ReplyDelete
  6. Kunjungan perdana salam kenal gan.

    ReplyDelete
  7. Mulo ojo sok gampang emosi. Nak wong liyo yo ora wani ngono kui. Kejobo wong ndablek

    ReplyDelete
  8. @ cik awi => ojo bosen dolan mrene yo cik..
    @ madjongke => Iyo bos, oke oke jambe !!

    ReplyDelete
    Replies
    1. Hehehe. Ojo di panggil Bos. Mengko gede ndasku

      Delete
  9. ternyata postingnnya memang bagus banget sobat, sangat bermanfaat, sekali lagi terima kasih yah...
    salam......

    ReplyDelete
  10. walaupun agak payah untuk faham..
    tapi tetap cuba untuk menghabiskannya....

    ReplyDelete
  11. Matur suwon cik Eita, aku yo ra paham banget basa jiran. Apologize me ...

    ReplyDelete
  12. Mulane yen mankat lungan ki ya sangu duwit nggo jajan, ben ra gampang emosi..... wkwkwkwk

    ReplyDelete