Lazada Indonesia

Prasetya ana ngisoring wit pelem

Ana sawetara sangalikur dina Rita, cewek ayu tanggaku dewe, ninggalke aku. Pamite semana arep nyambut gawe menyang Suroboyo, sabab sakdurunge Rita uwis kirim lamaran liwat pos. Lan wektu kuwi awan kang panas, aku lagi thenguk-thenguk karo dhewek'e ana ngisor wit pelem sing lagi kembang. Hawane eyup karo lingguhan ana lincak kang tak athik yowis rodo ruwe.

Ana duwur lincak Rita nyawang sawah kang ijo royo-royo karo sedhela-sedhela ngresiki rambute merga ketibanan kembang pelem kang padha gogrog keno angin. Aku neng cedhake nglesot ana lemah, lambaran godhong. Tak gatekne kat mau dhewek'e mung meneng karo bola bali nyawang aku terus genti nyawang pesawahan. Ora, sing disawang Rita jebule deso sisih bulakan pasawahan kang katon cilik saking adohe. Aku isa dong merga dhek'e takon :
"Eh mas Anto, kiro-kiro kapan yo kana kae ana sing manggoni ?" Rita ndudingake drijine nang desa bulak Waru. Desa kang pancen kepencil ana satengahe pesawahan.
"Lha ngapa tha Ta, kok takon kaya ngono ?" sauranku,
"Sesuk minggu piye gelem ora tak jak pit-pitan menyang kana ?" aku banjur nawani.
"Wah iyo mas, aku yo durung nate menyang desa ...ngendi mas ?" wangsulane Rita karo mesem.. yen lagi mesem kaya ngono kuwi atiku dadi tambah seneng marang dhewek'e.
"Anu Ta, Bulak Waru jenenge" jawabanku karo gelagepan.
"O iyo Bulak Waru, apa mas Anto duwe kanca neng kana ?" pitakone maneh. Durung nganti tak sauri, dhewek'e banjur ngomong "Sak jane aku yo pengin mas, nanging ora isa ".
"Lha ngapa Ta kok ora isa ?" aku genti takon.
Rada suwe Rita ora nyauri, karo nyawang aku nanging ra suwe. Praupane Rita sing ayu,mripate kang bening sing marai aku kepinchut marang dhewek'e. Tak rewangi Gelutan karo kanca sekolahe mbiyen, sing uga ngesir marang Rita. Nanging akhire nganti saiki Rita dadi pacarku, mongkog rasane kelakon macari dhewek'e senajan isih tangga dewe. Nanging yen ndelok saiki praupane sing katon serius aku dadi ora kepenak. Omonganku dadi yo rada banter, "Lha ngapa tha Ta ?" aku takon karo nyedhak, tak cekel tangane. Tak sawang mripate kang bening kaya banyu tlaga, dumadakan dadi kembeng-kembeng banjur ilune mili ana pipine.
Aku dadi melu trenyuh kaya arep melu nangis, nanging aku ki wong lanang. Ora pantes yen gampang nangis, cengeng ! Tak takoni rada meksa, Rita banjur ngomong
"Aku arep lunga mas, menyang Suroboyo. Lamaranku ditampa suk minggu kuwi aku mangkat, aku kerja mas." aku unjal ambegan karo mikir aku bakal ditinggal Rita, pacarku. Aku dewe yo durung nyambut gawe banjur kepiye sesambungaku karo Rita mengkone. Pikiranku dadi tekan ngendi-endi, aja-aja wah malah ora karuan.
Karo ngempet rasa kawatir, aku ethok-ethok takon
"Numpak apa bakale Ta, lan jam pira mangkatmu Ta ?"
Rita mangsuli kanthi swara rada mantep saiki
"Jam 8 esuk mas mangkat saka ngomah banjur neng stasiun sepure mangkat jam 09.00, neng omah aja macem-macem yo mas. Aku ora pengin kelangan kowe mas " bareng mangsuli ngono mau dhewek'e ngrangkul aku. Aku ora ngira yen Rita jebule ngetokne prasetyane marang aku.
"Iyo Ta semono uga aku, aku yo ora pengin pisahan karo kowe, aku tresna banget karo kowe Ta"

Lan nganti tekan sak sore aku karo Rita, lingguhan neng ngisor wit pelem, cah kloron mung meneng ora guneman. Minggu isuk aku menyang omahe Rita banjur ngeterke menyang stasiun nganti mangkate sepur, isih tak eling-eling. Smse yo ora kendhat nganti saiki.
Prasetya ana ngisoring wit pelem Prasetya ana ngisoring wit pelem Reviewed by seno on 23:19 Rating: 5

No comments: