Lazada Indonesia

Wedang jahe disruput nganti mele-mele

gbr : wedang jahe siap diombe

Wayah bengi wis katon lamat-lamat, langite mendung sajake arep udan. Angin sembribit lekas ngudari rasa lungkrahing awak, sak bubaring padha ngayahi pakaryan awan mau. Bebarengan kuwi swasana dadi adem uga gawe semangate dadi tuwuh maneh.


Bubar krungu adzan isya', ana saperangane padha mangkat menyang panggonan ngibadah. Ing dalan tambah saya rame, kendaraan pating sliwer. Lampu sumorot katon madhangi omah lan dalanan nggenteni padhange sengenge. Saiki wayahe ngresepi kahanan kang ayem ing wengi iki.


Ana pinggir dalan jentrek-jentrek para bakul angkringan, warung bakso lan dodolan panganan maneka warna. Mung gari milih apa sing paling disenengi. Angger ana dhuwite wae, hahaa...Lha ndilalah udane ya mung grimis sedhela, bar kuwi lintange malah katon siji mbaka siji. Wah cocok karo hawane tur ora ana acara bengi iki. Wedangan wae neng pinggir dalan, lesehan karo nyruput wedang jahe.


Karo ngenteni wedang jahene diracik bakule, tanganku ngranggeh jadah njur tak panggang. Bakule njagongi takon kabar lan takon macem-macem. Jagongan samsaya gayeng amarga ana kanca padha teka. Neng gelaran klasa dhuwure trotoar, kabeh padha lungguh lesehan, klekaran ? wah durung patut nyak'e. Ana dhuwuring trotoar karo lungguhan, banjur padha ngrembug kahanan donya sing tambah ruwet. Disambi yruput wedang jahe manteep...


Tambah bengi kanca tambah akeh, wong tuku panganan karo wedang padha teka lunga. Sing paling gayeng pas padha ngrembug masalah mundhake rega BBM. Ana kang ora setuju, mbuh merga ra nduwe dhuwit apa pengen ngetokne rasa prihatine kanggo wong cilik. Ana undhakan rega BBM ngene iki mesthine rega-rega liyane ya melu mundhak. Ora keri wedang jahene bakal melu mundhak rega.. Wuaaaaahh ?
Wedang jahe disruput nganti mele-mele Wedang jahe disruput nganti mele-mele Reviewed by seno on 18:23 Rating: 5

No comments: