Lazada Indonesia

BBM mundhak, mundhak regane apa mundhak melarate ?

Wis pirang-pirang ndino iki lagi rame ana ing srawungan bab, pamarentah bakal arep mundhakake rega BBM. Yokuwi utamane BBM sing wujud bensin dadi regane nyedhaki 10ewu rupiyah sak litere. Miturot etung-etungane pamarentah undhakan rega mau wis cocok karo rega internasional. Aku ora pati dhong kepiye entuke angka semono mau.Sing paling tak gumuni angger ana rencana undhak-undhakan rega BBM, mesthi ndadak nganggo demonstrasi barang. Akehe sing padha rame mudhun menyang dalanan padha ora setuju. Ana tivi, yen pas ndelok berita, para pandemo padha bandhem-bandheman karo pulisi. Ana uga sing luwih ngrusak sak perangane fasilitas umum. Kayane wis ora ana tata kramane maneh, padha kesetanan kabeh. Padha kelangan weninge pikir, padahal akehe mahasiswa karo aparate yo mangkono sisan.Sakbendino ora kendat berita ana ing media, malah ana sing ditulis dadi headline. Yen ndelok kahanan, sakjane apa tenan para mahasiswa mau bener mbelani wong cilik ? Apa bener pamarentahe sing jarene pro-rakyat ?Yen dipikir sapa sing di untungne apa dirugekne, yo mesthine rakyat kabeh sak Indonesia. Ora perduli wong sugih utawa wong ora duwe. Yen miturut etungane pedagang utawa bakul, menawa rega BBM mundhak rega dagangan liyane bakalan melu mundhak. Rakyat kabeh wis bakal nyangga rekasane. Mung kari siji dalan sing paling apik yokuwi NGIRIT !!
BBM mundhak, mundhak regane apa mundhak melarate ? BBM mundhak, mundhak regane apa mundhak melarate ? Reviewed by seno on 19:01 Rating: 5

No comments: